SESANTI SUMARAH

SESANTI SUMARAH
Luhuring bangsamu mbenjang kawasesa Iman suci

Contoh Wewarah

LATIHAN B TANGGAL 17/18 NOPEMBER 1951 

Warono : P. Kino

Salam ngalaekum.

PANGKUR

1.    Siji ana warahing Khaq, rasakena paraping Iman suci, rasaning Dat Hyang Mahagung, tata raharjaning Iman, arahena aneng jro Sanubari-mu, laras lawan Imanira, kalawan teteping suci.

2.    Iku tataraning Iman, aja kongsi mardi lakuning siri, mundhak anane kemruwuk, lakune nora mangkana, ingkang prelu kudu tata titi tulus, mardi lakuning Sahadat, nguwod Salaming Hyang Widdi.

3.    Ya wus bener rahsanira, mardi suci mung saka sira, si rajas isih lumaku, kuwandhaning Sahadat, durung tetep nguwod Salaming Hyang Agung, kaananing ingkang makna, mrih ngudi sucining ngilmi.

4.    Mangkono wajibing Iman, tata tetep lenggah neng Sanubari, anteng tetep lenggah sujud, rasa mulya neng dhadha, tetep tata warahing Khaqiqi iku, rajas-tamas nora nana, yen sira tata ing suci.

5.    Dhuh poma elinga sira, sabarang mobah tuwin muna-muni, kudu tata tuwin alus, sinartan to’at padha, rasakena sajroning rasa Khaq iku, dalane ingkang satata, supayane eneng-ening.

6.    Rahsaning Hyang Mahaesa, mardi nglaras lakuning Iman suci, sumrambah awakmu iku, nyata warahing Khaqira, rungokna dhawuh wewarahing Suhul, dhadhal yen nora tata, atemahan nora tertib.

7.    Sadat iku tetepana, wujudena aneng Imanmu sami, dhadhal yen ta nora lugu, nanging kudu prayitna, aja kongsi atimu padha kesusu, dennya sareh patrapira, supayane tata tertib.

8.    Mung bae kudu weruha, angawaki mujud dadi pemimpin, ati panggah teguh timbul, sabar darana ing manah, kudu mengku lelakone sadulurmu, ngawaki nenuntun ika, kudu kamot ing sakalir.

9.   Aja lali rasanira, amung rumangsa ngawula ing Gusti, haywa wani ngaku-aku, luwih tuwa lan prayoga, iku arane uwong lagi kajegung, marang ati ingkang batal, temah nora ngrumangsani.

10. Yen kabeh amung ngawula, majibi sung bekti marang ing Widdi, lelakone amung manut, ngarah bisane tata, mardi suci olehe ngawaki nuntun, rahsaning Dat ingkang ana, lenggaha neng Sanubari.

11. Suk kapan bisane nyata, lakonmu sing amujud dadi murid, aja kongsi nora weruh, babaring ngilmu solat, amung ana jroning Khaqing Imanmu, jatine mung neng tekadnya, ngaku mung ngawuleng Gusti.

12. Dhuh iku dha lakonana, sisip sembire yen ora titi, kaplantrang dadi pandhaku, rumangsa bisa mulang, dhuh poma kang mangkono iku wus kleru, aja kongsi sira tampa, rajas arane ya kuwi.

 

LAILLAHAILALLAH, Salam ngalaekum.

 

SINOM

1.    Salaming Khaq ingkang nyata, nuhoni ngawaki suci, Dhawuhing Hyang Mahaesa, tumrap mring pra Ahli Ngilmi, kawasesa ing ati, tetepe saka ing ngilmu, jiwa-raga kang nyata, Dhawuhing Hyang Mahasuci larasena kalawan Iman kang mulya.

2.    Gampang ana ing guneman, ngrembug ngilmu kang winaris, rujuke ana ing Kitab, kaya-kaya iku  gampil, jatine nora yekti, tetepa ana ing laku, marma bisane kaana, mardiya laku kang suci, nora liya mung kudu laku kang nyata.

3.    Dhuh poma padha elinga, karaharjaning kang ngilmi, jatine mung neng ka-hana, teteping laku kang suci, ngarti ananing pikir, dadine kalawan laku, awit yen tan mangkana, kabeh ngilmu nora dadi, marmane amung gumantung tekadira.

4.    -

5.    Ingkang dadi marganira, wong ngawaki nuntun sami, rajas kudu den singkirna, mahanani nora suci, lakune ingkang yekti, anane amung trus sujud, ngakoni yen kawula, ngaras Karsaning Hyang Widdi, yen mangkono teteping Khaq ingkang ana.

6.    Rajas-tamas nora nana, kang ana mung suci ening, rasa ngawula mring Allah, ngawaki sami amimpin, lakon mengkono iki, dhadhal yen ta nora tulus, iku ta patrapira, lakune nenuntun sami, lakonana Dhawuh-ing Hyang Mahaesa.

7.    Kang tetep  jujur atinya, ngakoni waraneng Gusti, amung lumaku saderma, nora angakoni wasis, LAILLAHAILALLAHI, iku ngono wujudipun, rasakna ingkang sanyata, tatarane wong Khaqiqi, marganira mung apasrah jiwa-raga.

8.    Sujude mung kanggo marga, anglakoni eneng ening, ngaras Dating Hyang Suksmana, niti lakuning Khaqiqi, sujudmu ingkang turut, aja ta kongsi kaliru, lakune mung ngawakan, ngukumi lakuning ngilmi, Allah iku majibi mardi Sahadat.

9.    Janji padha netepana, arase ngawakan suci, dhadhal yen nora mangkana, alam jaman  para Nabi, yen ati rumangsa ngerti, karas salaming kang  ngilmu, iku tondha nora tata, wit dadi atine ngerti, lakunira kang tetep amung sumarah.

10. Kukuming wong nedya Iman, kang lugu mujuding ngilmi, nyantri maring Allah ika, minangka ati kang yekti, supayane ngrumangsani, yen dadi kawula tuhu, ngakoni mung amanembah, nglarasa bisane suci, nora liya lakune amung sumarah.

11. Iya iku wujudira, mranata lakuning ngilmi, sarat sareh ingkang tata, majibi mung eneng ening, rujuk ana tekad yekti, jawabe amung amujud, angawula maring Allah, nyantri ingkang tetep yekti, ora ana arale yenta mangkana.

12. Dhuh iku padha rasakna, tata ananing kang ngilmi, jatine amung tekadnya, apa wani apa wedi, maju lawan mundur ugi, iku wujuding tekadmu, arahe mung kudu nyata, aja padha mirang-miring, ingkang tetep tata ngawula ing Allah, 

Salam ngalaekum.

DHANDHANGGULA

1.    Sinartanan laku ingkang murni, dhadhal lamun nora mangkana, temah tan ana gunane, dhudhuke ngilmu iku, arasing Khaq ana ing suci, nuntun mring kadangira, kudu ingkang alus, tata teteping kahana, ingkang mujud laku becik lan utami, netepi Dating Iman.

2.    Jawabira amung kudu yekti, ngukumana bebarengan solat, mung ngimami wektu kuwe, garapen ingkang tulus, arahena supaya yekti, angawaki manembah, ngukumi kang Suhul , rasa ana ing Khaqira, aja lali anane amung ngawaki, nuntun mring kadangira.

3.    Eling-eling gawate nuntuni, lamun lena nora anggatekna, polahe atine dhewe, lhah iku ingkang tulus, tansah niti kalawan tertib, sujud ingkang tumata, rasane amujud, lerem-tentrem asekeca, iku tetep arane wong nguwod suci, nyuwun Berkahing Allah.

 

Mujud ananira, tataraning ngakoni kawula, ala-becik den tetepi, arahing ngawula, aja kongsi anyatur alaning liyan. Ora kena, ora kena, mujud neng Iman, LAILLAHAILALLAH, ala-becik kudu sira anga-koni, ora liya wujudana ing Iman. Erang-erang, ajine wong ora Iman, iku babar pisan ora mbejaji. Kang nyata, Allah mesthi mujud Iman. Eling-eling kaanan ingkang sanyata, arane Khaq ora liya, Iman iku dalanira. Setan iku mung mujud neng ati iki, ati Setan wajibe mung kudu ngerti, Allah ora pisah ngawaki gawe sirna. Dhuh poma anggepen Dating Hyang Suksma, ora liya nguwod awakmu priyangga, aja lali, iku urip saka Allah, ngakoni yen kawula atine, ja lali iku nyata. Eling-eling awak-mu diberkahi, saka Dat, kang mujud neng Iman suci. Larasna, tekadmu ingkang sentosa. Yunus laku ing kuna, ora panggah nglakoni abot lan ala, iku padha binendu mring Allah, aja lali, ing kuna uga padha lan sai-ki, anggepen ananing Khaq, ora ana bedane yekti. Luhuring Bangsamu mbenjing, ora ana marga liyane, kudu amung mahanani nguwod Salam-ing Widdi, iku kang yekti, bakal luhur Bangsanira.  

Ja lali, ja lali, arahe kang yekti, nguwod Salaming Gusti, ngarah dadi wujuding bebrayan Iman, LAILLAHAILALLAH, ingkang tata anane ngarasing Iman, jujul-jujul yen nora yekti, padha kukuming wong mikir. Salam ngalaekum. Rahayu.

 

PANGKUR

1.    Dhuh poma den waspada, tataraning ngawaki nuntun sami, rujukna lan tekad jujur, ngarah bisane tata, aja kliru arahing tuntunanmu, ku-du nuju mring bebrayan, mujuda basuki.

2.    Nata ananing bebrayan, lon-alonan kanthi tata lan tertib, aywa kabu-ru ing nepsu, supaya enggal marna, ingkang perlu udinen supaya tu-wajuh, tata lenggah ingkang nyata, rujuk neng ngilmu suci.

3.    Nanging sira kudu nyata, tetep rila nenuntun sami, tetepana dadi pa-nuntun, ngawaki dadi pandhita, sepi pamrih tumrape awakipun, kang lugu amung ngawula, majibi nuntun sami.

4.    Sesuk ora ana lelakon ala, ingkang ana mung ngakoni ngabdi, su-mungkem Ngarseng Hyang Agung, ngaras Dating Hyang Suksma, Allah iku wujud neng awakmu, nguwod Dating Khaqira, iki dadining wong urip.

5.    Jati ananing Khaqira, iki padha wujuding Datollah, asal-usul jiwa-ra-gamu, tan ana liyanira, kabeh amung sing Hyang Mahagung, mujud neng awakmu padha, suci eneng kalawan tertib.

 

Ja ngono, ja lali, iku nyata wujude yuwana.

Salam ngalaekum, LAILLAHAILALLAH, LAILLAHAILALLAH.

Nuwun sami, mangga-mangga, dipun lajeng sawatara.

 

PUCUNG

1.    Iki mujud, dununging urip iku, larase lan nyata, Dating Hyang Maha-suci, rungokna alaming Suhul kang ana.

2.    Wujudipun, guwa-garba iku lugu, marna suwung ika, kang ana Dat Hyang Mahasuci, anguripi jiwa-raganta ika.

3.    Marnanipun, wajibmu ingkang satuhu, sungkema sungkemnya, mujuda suwung kang yekti, dadi nyata wujude Iman kang mulya.

4.    Lugunipun, arahing Khaq ingkang wujud, anggering Khaqira, raga iki mung ngawaki, dadi topeng warana neng ngalam donya.

5.    Jatinipun, jasmani wajib kang mujud, awarana wadhag, nguwod sa-rating ngaurip, dadi nyata ngerti ananing Iman.

6.    Nanging kudu, babar warahing Khaqipun, ngaras uripira, nyetir laku-ning ngerti, dadi ana urip Dating Hyang Suksmana.

7.    Iku wujud, lebu-wetuning napasmu, ngaras mardi insan, jamake wong urip, nganggo wadhag asal saka ingkang ana.

8.    Iman iku, arase warna catur, asal ingkang wadhag, saka geni angin bumi warih, ora liya sarining iku sadaya.

9.    Iku amung, kawasesa alamipun, pancadriya ika, ginaib mardi ati, ku-kum wujud alaming wadhag neng ndonya.

10. Eling-eling, iki tetep wujudipun, tumrap umum janma, awak wadhag iku mbenjing, yen wus mangsa tiningal tandha warana.

11. Aja kliru, panganggeping atimu, alaming Khaqira, kang tetep padha ngawaki, dadi mukmin kang setya mring uripira.

12. Wujudipun, beda klawan ingkang umum, ngaras Dating Iman, niti la-kuning ngaurip, jiwa-raga binerkahan maring Allah.

13. Besuk iku, winasesa ing Khaqipun, ngaras ing Datollah, anane pa-dha suci, jiwa-raga dununge amung sajuga.

14. Iku lugu, ngaras Dating Hyang Mahagung, lan tetep ananya, Dha-wuhing Hyang Mahasuci, dunungira Insan Kamil iku nyata.

15. LAILLAHA, LAILLAHAILALLAHU, iki wujudira, ananging Khaq ing-kang yekti, Suhuling Khaq dadi wiji kasucian.

16. Nanging kudu, ngerti mungguh marganipun, nglakoni ing Iman, tata tetep angawaki, jasadira binerkahan mring Hyang Suksma.

17. LAILLAHA, iku mau wujudipun, nanging poma-poma, aja kongsi lali, rasa tetep sungkem, ngawaki manembah.

18. Iya iku, margane insan kang luhur, jatine Khaq nyata, ja lali iki kang wadi, netepana arahe amung rumangsa.

19. Ingkang mujud, dina akir kang lumaku, go’ibing Suksmana, ngawaki nuntun suci, dadi nyata ngaras Dat kang Mahaesa.

20. Nanging iku, apa bener apa luput, iku sanyatanya, gumantung tekad pribadi, apa nyata nyungkemi tekadmu padha.

21. Liripun, rujuk dadi panuntun, ngrahapi bebrayan, netepi nenuntun sami, kanthi ikhlas rila kurban ing tenaga.

DHANDHANGGULA

1.    Ya mangkono tataraning ngilmi, sarat sareh tata tetep Iman, dennya mardi sumarahe, sanggem nglakoni Dhawuh, ngawakana nenuntun sami, karaos jroning nala, ngerti sujud Suhul, ngaraha bisane tata, jatinira iku  jimate wong urip, Trimurti wujudira.

2.    Eling-eling iku kababaring, uripira kaanan kang nyata, Sahadat warah-ing Khaq, luhur mbenjang  Bangsamu, ingkang tetep wujuding ngilmi, nyatane wis mangkana, rahayu ing mbesuk, lakune kudu waspada, aja nganti binendung ing Imperalis, ngawaki wong mardika.

3.    Dhuh, dhuh, adhuh, kadang kita sami, dipun nyata ing idhepira, kukuming Iman yektine, ngakoni amung mujud, angawula Ngarsaning Gusti, iku mujud aneng Khaq, tetep sujud  Suhul, rasaning Dat ingkang ana, alaming Dat tetep mujud eneng ening, wus samene kewala.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Featured Post

Perwujudan Ilmu Sumarah

     Diakui, penulis bukanlah seorang ahli dalam menjabarkan suatu masalah, apalagi yang berhubungan dengan hal-hal yang berbau spiritual, h...